Tanggal Tua Tapi Dompet Aman. Kebiasaan Simpel Iki Wajib Ditiru Lur.

Polaeh Wong Urip 05 Jul 2026 18:22 2 min read 68 views By Ka Firdaus

Share berita ini

Tanggal Tua Tapi Dompet Aman. Kebiasaan Simpel Iki Wajib Ditiru Lur.
Lur... sapa kene sing saben tanggal 25 wis mulai ngitung receh? Sama. Mbiyen aku ya ngono.

Lur... sapa kene sing saben tanggal 25 wis mulai ngitung receh? Pada. Mbiyen aku ya ngono. Gajian tanggal 1, tanggal 20 wis entong.

 

Sampai akhire ketemu karo Mba Sri, bendahara PKK nang desaku. Deweke gajian UMR tapi bisa nabung, bisa tuku emas, anak'e 3 sekolah kabeh.  Tak takon rahasiane.

 

Tibake simpel temen lur. Cuma 3 kebiasaan iki:

1. "Sistem Amplop" Nggo Kebutuhan* Gajian teka langsung dibagi. Amplop 1: Go beras, sayur, lauk → 40%   Amplop 2: Go listrik, sekolah, bensin → 30%   Amplop 3: Nabung/Darurat → 20%   Amplop 4: Go jajan/senang-senang → 10%   _"Nek amplop jajan wis entong, ya wis stop. Ojo nggo duit amplop beras"_ pesene.

2. Masak Dewek, Aja Jajan Terus* _"Nek tuku kopi + gorengan saben esuk 15 ewu. Sesasi dadi 450 ewu lur. Mending go tuku beras"_   Masak sayur bening + tempe 10 ewu bisa go sedina sedurung. Ngirit pol.

3. Catet Pengeluaran, Senekel-nekel'e* Tuku permen 2 ewu ya ditulis.

 

Awal'e males, suwe-suwe kaget. _"Lah tibake duitku entong nang jajan online to"_  Hasile Piye? 3 sasi praktek, Mba Sri wis bisa nabung 1 juta. Saiki go DP motor anak'e.  _"Sing penting disiplin lan niat lur.

 

Duit sithik nek diatur bener, dadi akeh. Duit akeh nek boros, ya entong juga"_  Piye lur, jenengan tim tanggal tua nangis apa tanggal tua santai? Share nang komen tips ngirit versi jenengan ya.

 

Ben kita bisa saling ngajari. _Eling lur, ngirit ora pelit. Ngirit ben masa depan'e anak putu luwih apik_

 #TipsNgirit #GayaHidupNgapak #DompetAman #Ngapaknews

Komentar (0)

Belum ada komentar.

Ad
Promo Juli 2026
Portal Rakyat
Chat with us on WhatsApp